Bacaan Slametan, Kenduri, Kendurenan/ Syukuran Dalam Bahasa Jawa
Bacaan:
Assalamu ‘alaikum wr wb.
Nuwun keparengo matur wonten ngersanipun poro rawuh sepuh miwah anem sedoyo. Sak derengipun kulo matur mbok bilih wonten kalepatan atur kulo ing sak mangke kulo nyuwun gonging samudro pangarsami.
Sumonggo kulo aturi sesarengan muji syukur wonten ngersanipun Gusti Allah ingkang moho kuaos , ingkang paring kanikmatan karahayon dumateng kito sedoyo.
Antawisipun nikmat kesarasan, keimanan soho keislaman sehinggo wekdal meniko kulo lan panjenengan sami saget hangrawuhi punopo ingkang dados jawilanipun bopo ………………………….sak kukuban.
Bopo…………….sak kukuban Hangaturi rawuh dumateng kulo soho panjenengan sedoyo ingkang sak perlu bade dipun suwuni sawab pandunganipun wilujeng slamet anggenipun bade kagungan hajad………………………………….mugi-mugi Gusti ingkang Hangaryo jagat tansah maringi keslametan karahayon mboten wonten alangan setunggal punopo-punopo.
Sholawat soho salam mugi kunjuk atur dumateng Gusti kanjeng Nabi Muhammad SAW, keluargo soho shohabatipun Abu Bakar, Umar, Usman soho Ali Alaihi sholatu wassalam.
Dene wekdal meniko kulo kapurih ngikrar aken punopo ingkang dados niat soho Hajatipun shohibul Bait bopo……………………………. Wodene wekdal meniko bopo………………….. kagungan Hajad injih meniko bade………………………
Pramilo panjenengan sedoyo dipun aturi Nyekseni lan dipun suwuni pandungo wilujeng dumateng bopo …………………….. sak kukuban, mugi-mugi asalipun Gelar Genduri Sodaqohan wonten dalu puniko tansah pikantuk barokah soho Rahmad saking Gusti Allah SWT.
Ing wekdal meniko bopo……..Rerakit Ubo Rampinipun Gelar Genduri ingkang sampun wonten Ngarso Panjenengan sedoyo. Sepindah Rerakit BUBUR ABANG PUTIH, Meniko kangge mbektosi sederek ipun bopo……. ingkang lahir tunggal sedino, Marmarti Kakang Kawah Adi Ari-ari Sederek sekawan gangsal pancer Getih Puset.
Sederek ipun ingkang kerawatan lan sederekipun ingkang mboten kerawatan, Sederekipun ingkang Lahir medal Margo ino soho Sederekipun ingkang lahir mboten medal Margo ino, Soho Sederekipun ingkang lahir sareng sedino.
Sederekipun ingkang tunggal sakpertapan sanes panggenan ingkang kandek Dasare tuyo Dasare Bumi.
Pramilo dipun bektosi mugi-mugi Maringono pandungo wilujeng sak rintene soho sak dalunipun mboten wonten alangan se tunggal punopo-punopo.
Lan Mbektosi sederek ingkang Celak tanpo Sinenggol tebih tanpo wangenan, Mugi-mugi Maringono Wilujeng dumateng bopo……….. sak keluargonipun.
Bubur Abang Putih sebab meniko atur bekti dumateng Kyai Smerobumi soho Nyai Smorobumi, Kaki Danyang soho Nini Danyang ingkang Mbahu Rekso Dusun……….. Kelurahan ……………. mriki.
Ingkang sak lajengipun Bopo……………..Rerakit Pisang Ayu sekar konyoh Gondo Arum meniko Atur bekti Dumateng Simbok Dewi Fatimah ingkang sumare wonten Mekkeh Madinah.
Pramilo dipun bekteni Mugi-mugi Maringono Pandungo wilujeng Rinten sak Ndalunipun mboten wonten alangan setunggal punopo punopo. Ingkang saklajengipun Bopo ……………..Rerakit sekol suci Ulam sari, Duduh Lembaran.
Atur bekti dumateng Kanjeng Nabi Muhammad SAW, Keluargo soho Shohabatipun sekawan inggih meniko Abu bakar, Umar, Usman soho Ali alaihi sholatu wassalam.
Lan Atur bekti dumateng Bopo Adam Ibu Howo, Bopo Angkoso Ibu Pertiwi lan Atur bekti dumateng poro Nabi, poro Wali, poro Suhada, poro Alim Ulama, poro Mukmin Mukminat.
Pramilo dipun bekteni mugi-mugi maringono Pandungo wilujeng Rinten sak Ndalunipun mboten wonten Alangan setunggal punopo-punopo.
Sebab maleh atur bekti dumateng Kanjeng nabi Sulaiman Alaihi salam ingkang Nguasani Kutu-kutu, Walang, Atogo sak lumahing Bumi sak kureping Langit, Pramilo dipun bekteni mbok bilih wonten kirang kalepatanipun Anggenipun Amragat Sato Iwen ingkang Suku kalih soho Sato Iwen ingkang Suku sekawan Mugi-mugi Kanjeng Nabi Sulaiman kersoo Amaringi pangapunten.

Demikian bacaan slametan/ kenduri dalam bahasa jawa yang bisa saya tulis. kurang lebihnya dalam tulisan ini, salah silahkan disalahkan kemudian benarkan menurut pengetahuan kalian masing-masing. terimakasih.

Joss gandoss suhu
BalasHapusManta, 👍👍👍👍👍👍👍
BalasHapusmatur nuwun sanget, salam rahayu saking sumatera
BalasHapusMatur sembah nuwun salam rahayu saking Kalimantan selatan
BalasHapusMatur sembah nuwun Mugi tansah barokah
BalasHapusMasooooooookkkkkk lek wes mulai langka ngujubne ngeneki serba kotak an slametan sak iki
BalasHapusmatur suwun smg barokah
BalasHapusmantul pakde
BalasHapusKepanjangan iku Mbah
BalasHapusMatur nuwun mugo manfaati
BalasHapusSami-sami, Aamiin mugi manfaat
Hapusko kurang komplit😘
BalasHapusKomplit e piye mas
HapusBacaan Slametan / Kenduri (Lengkap)
HapusAssalamu’alaikum warahmatullahi wabarakatuh.
Nuwun kepareng matur wonten ngarsanipun para rawuh, sepuh miwah anem sedaya. Sakderengipun kulo aturi ngendikan, bilih wonten kalepatan atur kulo ing salebeting acara menika, kulo nyuwun agenging samudra pangaksami.
Sumangga kito sedaya sesarengan muji syukur wonten ngarsanipun Gusti Allah SWT ingkang Maha Kuwasa, ingkang sampun paring kanikmatan, karahayon, kesehatan, keimanan saha keislaman, saengga wekdal menika kulo lan panjenengan sedaya taksih kaparingan wekdal saged hangrawuhi hajatipun Bopo Sastrosoedarmo sak kukuban.
Bopo Sastrosoedarmo sak kukuban hangaturi rawuh dumateng kulo saha panjenengan sedaya, kanthi maksud nyuwun sawab pandunganipun wilujeng slamet, amargi bade kagungan hajat slametan piton-piton putra/putri. Mugi-mugi Gusti Allah SWT tansah maringi kawilujengan, karahayon, lan kelancaran tanpa alangan setunggal punapa-punapa.
Sholawat saha salam mugi tansah kaparingaken dumateng junjungan kita Gusti Kanjeng Nabi Muhammad SAW, keluarganipun saha para sahabatipun, Abu Bakar, Umar, Usman, saha Ali radhiyallahu ‘anhum ajma’in.
Dene wekdal menika kulo kapurih ngikraraken niyat saha hajatipun shohibul bait, inggih menika Bopo Sastrosoedarmo. Wondene hajatipun inggih menika slametan piton-piton putra/putri kaping pitu, mugi dados anak ingkang sholeh/sholehah, migunani tumrap agama, bangsa, lan negara.
Pramila panjenengan sedaya dipun aturi nyekseni saha dipun suwuni pandonga wilujeng, mugi-mugi gelaring genduri sodaqohan ing dalu menika tansah pikantuk barokah saha rahmat saking Gusti Allah SWT.
Ing wekdal menika Bopo Sastrosoedarmo nyawisaken ubo rampe genduri ingkang sampun wonten ngarsanipun panjenengan sedaya.
Sepindhah, Bubur Abang Putih, menika minangka atur bekti dhateng sederekipun bopo ingkang lair tunggal sedinten, inggih menika Marmarti Kakang Kawah, Adi Ari-ari, Getih, Puser, sekawan gangsal pancer.
Sedherekipun ingkang kerawatan saha ingkang mboten kerawatan, ingkang lair medal margi niki saha ingkang mboten medal margi niki, saha sederek ingkang lair sesarengan sedinten.
Sedherekipun ingkang wonten sak pertapan, sanes panggenan, ingkang ngasta dhasaring toya saha dhasaring bumi.
Pramila dipun bektosi, mugi-mugi maringono pandonga wilujeng rinten saha dalunipun, mboten wonten alangan setunggal punapa-punapa.
Lan ugi atur bekti dhateng sederek ingkang celak tanpa sinenggol, tebih tanpa wangenan, mugi-mugi paring wilujeng dhateng Bopo Sastrosoedarmo sak keluarganipun.
Bubur abang putih menika ugi minangka atur bekti dhateng Kyai Smerobumi saha Nyai Smerobumi, Kaki Danyang saha Nini Danyang ingkang mbahu rekso Dusun Sukamulyo, Kelurahan Margopatut, mriki.
Sak lajengipun, Bopo Sastrosoedarmo nyawisaken Pisang Ayu Sekar Konyoh Gondo Arum, minangka atur bekti dhateng Simbok Dewi Fatimah ingkang sumare wonten Mekah Madinah.
Pramila dipun bektosi, mugi-mugi paring pandonga wilujeng rinten saha dalunipun, mboten wonten alangan setunggal punapa-punapa.
Sak lajengipun, Bopo Sastrosoedarmo nyawisaken Sekul Suci Ulam Sari saha Duduh Lembaran, minangka atur bekti dhateng Gusti Kanjeng Nabi Muhammad SAW, keluarganipun saha para sahabat sekawan.
Ugi atur bekti dhateng Bopo Adam lan Ibu Hawa, Bopo Angkasa lan Ibu Pertiwi, para Nabi, para Wali, para Syuhada, para Alim Ulama, saha para Mukmin Mukminat.
Pramila dipun bektosi, mugi-mugi paring pandonga wilujeng rinten saha dalunipun, mboten wonten alangan setunggal punapa-punapa.
Lan pungkasan, atur bekti dhateng Kanjeng Nabi Sulaiman ‘alaihis salam, ingkang paring kuwasa dhumateng samudayaning titah, sato iwen suku kalih saha suku sekawan, ingkang wonten ing lumahing bumi lan ing sangisoring langit. Pramila dipun bektosi, bilih wonten kalepatan anggenipun ngganggu makhluk Gusti, mugi kaparingan pangapunten.
Mekaten atur kulo, langkung lan kirangipun nyuwun pangapunten.
Wassalamu’alaikum warahmatullahi wabarakatuh.
✨ Catatan penting:
Nama Bopo, hajat, dusun, kelurahan silakan diganti
Bisa dipakai untuk piton-piton, tedhak siten, selapanan, utawa slametan umum
jiannn josss mantep , klu mau slamatan mau metri sak iki kepenak wis ono tuntunane ngajat ne, tks dari landasan ulin banjar baru.. 👍
BalasHapusTerimakasih sudah berkunjung, semoga bermanfaat
HapusAlkhmdllh tambah ngelmune nkiii....
BalasHapusAamiin
Hapuslucu ini
BalasHapusIjin Copas Bade dipun Olah yai.😅🤞
BalasHapusMonggo Pak
Hapuskalau buat ngajatke bubur abang/merah itu sama atau beda ya sekalian minta teksnya juga terima kasih
BalasHapusDoa Ngajatke Bubur Abang (Versi Jawa — Berjonggo)
HapusBismillāhir-raḥmānir-raḥīm.
Assalāmu‘alaikum warahmatullāhi wabarakātuh.
Kawula sowan, nyuwun ngapura sedaya kalepatan kawula, sanget ing ngarsa Dalem Gusti Allah Subḥānahu wa Ta‘ālā, ingkang paring urip, rejeki, lan slamet tumrap kawula sedaya.
Kawula aturi ngaturaken dhahar bubur abang-putih, minangka wujud tasyakuran lan pangajab mugi Gusti Allah maringi kawilujengan, kesehatan, katentreman, kabegjan, rejeki lancar, barokah, sarta adoh saking bebaya lan bala bilahi.
Mugi ingkang arani (sebut hajat: anak, keluarga, desa, lsp.), tansah diparingi kawilujengan, sehat wal ‘afiat, umur panjang, rejeki lancar, lan urip kang manfaat tumraping liyan.
Kawula ugi nyuwun pangestu lan panuwun dhumateng para leluhur ingkang sampun maringi dalan becik, mugi diparingi papan ingkang pantes ing swarganipun Gusti.
Mugi sak kancaning papan, sak kancaning papan, sak kancaning papan… tansah tentrem raharjaning urip.
Al-Fātiḥah... (dipun waos bareng)
Matur suwun sanget, ijin kulo catet. Mugi manfaat lain barokah😊🙏
BalasHapusTrimakasih jadi tau
BalasHapusterima kasih karyanya bisa membantu kesulitan saya Suratman Banyuwangi,karena yang biasa ngujubne ginanjar sakit.ini penulis dari wilayah mana ya kalau boleh tahu
BalasHapusMaturnuwun sanget Pak Suratman atas apresiasinya. Saya Rachmad Widodo, penulis artikel di rachmadwidodosemarang.blogspot.com, berasal dari Nganjuk, Jawa Timur. Senang sekali karya saya bisa membantu panjenengan, apalagi di saat yang biasanya dibantu Mas Ginanjar sedang berhalangan. Semoga sehat-sehat selalu dan lancar semua urusannya. Salam hangat dari Nganjuk!
HapusJudul genduri ini buat apa saya sudah meng hafalkan
BalasHapusterimakasih atas kunjungannya :-)
Hapus