Breaking News

Bacaan Slametan / Kenduri (Lengkap)

 Assalamu’alaikum warahmatullahi wabarakatuh. 

Nuwun kepareng matur wonten ngarsanipun para rawuh, sepuh miwah anem sedaya. Sakderengipun kulo aturi ngendikan, bilih wonten kalepatan atur kulo ing salebeting acara menika, kulo nyuwun agenging samudra pangaksami.

Sumangga kito sedaya sesarengan muji syukur wonten ngarsanipun Gusti Allah SWT ingkang Maha Kuwasa, ingkang sampun paring kanikmatan, karahayon, kesehatan, keimanan saha keislaman, saengga wekdal menika kulo lan panjenengan sedaya taksih kaparingan wekdal saged hangrawuhi hajatipun Bopo Sastrosoedarmo sak kukuban.

Bopo Sastrosoedarmo sak kukuban hangaturi rawuh dumateng kulo saha panjenengan sedaya, kanthi maksud nyuwun sawab pandunganipun wilujeng slamet, amargi bade kagungan hajat slametan piton-piton putra/putri. Mugi-mugi Gusti Allah SWT tansah maringi kawilujengan, karahayon, lan kelancaran tanpa alangan setunggal punapa-punapa.

Sholawat saha salam mugi tansah kaparingaken dumateng junjungan kita Gusti Kanjeng Nabi Muhammad SAW, keluarganipun saha para sahabatipun, Abu Bakar, Umar, Usman, saha Ali radhiyallahu ‘anhum ajma’in.

Dene wekdal menika kulo kapurih ngikraraken niyat saha hajatipun shohibul bait, inggih menika Bopo Sastrosoedarmo. Wondene hajatipun inggih menika slametan piton-piton putra/putri kaping pitu, mugi dados anak ingkang sholeh/sholehah, migunani tumrap agama, bangsa, lan negara.

Pramila panjenengan sedaya dipun aturi nyekseni saha dipun suwuni pandonga wilujeng, mugi-mugi gelaring genduri sodaqohan ing dalu menika tansah pikantuk barokah saha rahmat saking Gusti Allah SWT.

Ing wekdal menika Bopo Sastrosoedarmo nyawisaken ubo rampe genduri ingkang sampun wonten ngarsanipun panjenengan sedaya.

Sepindhah, Bubur Abang Putih, menika minangka atur bekti dhateng sederekipun bopo ingkang lair tunggal sedinten, inggih menika Marmarti Kakang Kawah, Adi Ari-ari, Getih, Puser, sekawan gangsal pancer.

Sedherekipun ingkang kerawatan saha ingkang mboten kerawatan, ingkang lair medal margi niki saha ingkang mboten medal margi niki, saha sederek ingkang lair sesarengan sedinten.

Sedherekipun ingkang wonten sak pertapan, sanes panggenan, ingkang ngasta dhasaring toya saha dhasaring bumi.

Pramila dipun bektosi, mugi-mugi maringono pandonga wilujeng rinten saha dalunipun, mboten wonten alangan setunggal punapa-punapa.

Lan ugi atur bekti dhateng sederek ingkang celak tanpa sinenggol, tebih tanpa wangenan, mugi-mugi paring wilujeng dhateng Bopo Sastrosoedarmo sak keluarganipun.

Bubur abang putih menika ugi minangka atur bekti dhateng Kyai Smerobumi saha Nyai Smerobumi, Kaki Danyang saha Nini Danyang ingkang mbahu rekso Dusun Sukamulyo, Kelurahan Margopatut, mriki.

Sak lajengipun, Bopo Sastrosoedarmo nyawisaken Pisang Ayu Sekar Konyoh Gondo Arum, minangka atur bekti dhateng Simbok Dewi Fatimah ingkang sumare wonten Mekah Madinah.

Pramila dipun bektosi, mugi-mugi paring pandonga wilujeng rinten saha dalunipun, mboten wonten alangan setunggal punapa-punapa.

Sak lajengipun, Bopo Sastrosoedarmo nyawisaken Sekul Suci Ulam Sari saha Duduh Lembaran, minangka atur bekti dhateng Gusti Kanjeng Nabi Muhammad SAW, keluarganipun saha para sahabat sekawan.

Ugi atur bekti dhateng Bopo Adam lan Ibu Hawa, Bopo Angkasa lan Ibu Pertiwi, para Nabi, para Wali, para Syuhada, para Alim Ulama, saha para Mukmin Mukminat.

Pramila dipun bektosi, mugi-mugi paring pandonga wilujeng rinten saha dalunipun, mboten wonten alangan setunggal punapa-punapa.

Lan pungkasan, atur bekti dhateng Kanjeng Nabi Sulaiman ‘alaihis salam, ingkang paring kuwasa dhumateng samudayaning titah, sato iwen suku kalih saha suku sekawan, ingkang wonten ing lumahing bumi lan ing sangisoring langit. Pramila dipun bektosi, bilih wonten kalepatan anggenipun ngganggu makhluk Gusti, mugi kaparingan pangapunten.

Mekaten atur kulo, langkung lan kirangipun nyuwun pangapunten.
Wassalamu’alaikum warahmatullahi wabarakatuh.


Catatan penting:

  • Nama Bopo, hajat, dusun, kelurahan silakan diganti

  • Bisa dipakai untuk piton-piton, tedhak siten, selapanan, utawa slametan umum


Slametan Kenduri
Slametan Kenduri dengan hidangan tradisional.png

Tidak ada komentar